Kamis, 10 Februari 2011

Conto Pidato Basa Jawa

Salam sejahtera kagem kita sedaya

Ibu Kepala Sekolah ingkang dahat kinurmatan saha Bapak/Ibu Guru ingkang kula kurmati tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani.

Ingkang kaping sepisan, sumangga kita sami-sami ngaturaken puja lan puji syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun angluberaken rahmat sarta hidayah dumateng kita sedaya dene kula lan panjenengan sami saged makempal wonten ing wisma Barokah menika. Saderengipun, kula atas nami ketua panyelenggara ngaturaken agenging panuwun dhumateng para rawuh ingkang sampun nglonggaraken wekdal kersa ngrawuhi undangan ingkang sampun lumantar dhumateng panjenengan. Saged ngrawuhi pawiwahan pengetan dinten Kartini menika.

Ibu Kepala Sekolah ingkang dahat kinurmatan saha Bapak/Ibu Guru ingkang kula kurmati tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani, Raden Ajeng Kartini miyos ing tanggal 21 April 1879. Pramila, ing tanggal 21 April punika kita pengeti minangka dinten lahiripun Raden Ajeng Kartini lan kangge mengeti perjuanganipun R.A. Kartini ingkang sampun ngangkat drajading wanita sami kaliyan drajading priya. Rikala gesangipun R.A. Kartini para wanita tansah wonten pingitan, mboten dipun parengaken sekolah, mboten dipun parengaken gadhah pedamelan ingkang sami kaliyan pedamelanipun priya. Ananging sapunika para wanita sampun sami drajadipun kaliyan para priya. Katingal saking Jabatan Menteri ing Menteri Indonesia Bersatu Jilid 2 sapunika kathah menteri dipun lenggahi dening para wanita, kathah dokter-dokter wanita, kathah kalenggahan ing peprentahan ingkang samurwat kaliyan kalenggahan para priya ingkang dipun pimpin para wanita, lan sak piturutipun.

Ibu Kepala Sekolah ingkang dahat kinurmatan saha Bapak/Ibu Guru ingkang kula kurmati tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani. Ing salebetipun mengeti dinten miyosipun R.A. Kartini, ingkang kedah kita pengeti inggih punika semangatipun ing babagan emansipasi wanita. Mboten naming mengeti anggenipun R.A. Kartini ngagem nyamping, anggenipun R.A. Kartini mawi sanggul ageng. Nanging kados pundi R.A. Kartini majengaken para wanita.

Saumpami R.A. Kartini taksih gesang badhe suwun ningali kawontenan kaum wanita ing nagarinipun. Ing sawaunipun supados setarap kaliyan priya ngenani hak-hak ipun, malah kathah ingkang dipun ginakaken tumuju dhumateng kawontenan ingkang mboten ngremenaken inggih kados menika, sapunika para wanita kathah ingkang sami ses rokok, sapunika para wanita kathah ingkang mawi celana. Menika mboten ateges emansipasi lan R.A. Kartini mboten nggadhahi emansipasi ingkang kados mekaten.

Ibu Kepala Sekolah ingkang dahat kinurmatan saha Bapak/Ibu Guru ingkang kula kurmati tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani. Emansipasi ingkang dipun perjuangaken dening R.A. Kartini inggih punika ngengini hak ingkang sami antawasipun priya kaliyan wanita. Inggih menika menawi priya dipun parengaken sekolah wonten pawiyatan luhur, para wanita inggih dipun parengaken ngudi ilmu wonten ing pawiyatan luhur. Mboten namung wanita dipun parengaken wonten ing wingking supados masak kemawon.

Saderengipun wonten emansipasi saking R.A. Kartini, wanita nyambut damelipun namung wonten pawon, mboten wonten kaum wanita ingkang nyambut damel wonten ing kantor kados sapunika. Awit sampun wonten paribasan manawi kados pundi inggiling sekolah, wanita ing tembenipun bakal nyambut damel ing pawon ugi.

Ibu Kepala Sekolah ingkang dahat kinurmatan saha Bapak/Ibu Guru ingkang kula kurmati tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani. Menawi sapunika para wanita sampun sami nyambut damel kangge majengaken bangsa lan negari ugi agami, hananging mboten kentun wanita tansah dados kaum wanita sami nggula wenthah amrih raharjaning keluarga ugi tumut majengaken generasi muda supados mbina rumah tangganipun.

Ibu Kepala Sekolah ingkang dahat kinurmatan saha Bapak/Ibu Guru ingkang kula kurmati tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani. Kula kinten kirang wicaksana manawi atur wacana punika kula panjang lebaraken. Pramila kula cekapi semanten kemawon, lan mboten kentun kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng Ibu Kepala Sekolah, Bapak/Ibu Guru sarta rencang-rencang sedaya ingkang sampun sami anyengkuyung wontenipun pengetan punika kanthi bantuan ingkang arupi punapa kemawon, mugi angsala piwales ingkang samurwat saking ngarsanipun Gusti Allah. Ing wasana menawi wonten kiranging atur lan subasita kula, mugi kersaha anglunturaken gunging samodra pangaksama.

Matur nuwun.

0 komentar:

Posting Komentar

 

Great Morning ©  Copyright by Buono Aji Santoso | Template by Blogger Templates | Blog Trick at Blog-HowToTricks